KANCIL
KARO MACAN LAN ULO
Ing sawijining dino, kancil
mlaku-mlaku mlebu alas karo nyanyi-nyanyi, dheweke mlaku adoh nganti tekan
tengah alas golek woh-wohan kesenengane. Tekan tengah alas, si kancil ketemu
karo macan lan ugo karo ulo.
Kancil : “ wah, lha kojur iki. Aku kudu meres pikir kanggo
ngapusi si macan iki.”
Macan : “ heh cil, akau luwe banget iki, koyone pancen kudu
kowe sing dadi sarapanku esuk iki cil.”
Kancil : “ lho, ya ngapurane wae sedulurku macan, koyone ora
iso ngono kuwi, lha wong aku wae di utus nunggoni pudinge sang raja sing wenake
rak karuwan iki lho. Iki puding paling wenak sak dunia can! ” (si kancil karo
nudhing kobangan lumpur sing ora adoh saka deweke)
Macan : “ lha yen
ngono aku tak sing ngincipi pudinge kuwi wae, mumpung lagi luwe iki.”
Kancil : “ lho, yo ora entuk, lha mengko aku iso diamuk karo
sang raja, lha yen kowe arep ngincipi, yo aku tak lungo adoh dhisik, supaya aku
ora diseneni karo sang raja!”
Macan : “ yo wis, kowe ndang sumingkir kono!” (kancil
langsung mlayu nggendring wedi yen di mongso karo macan)
Ulo : “ can, macan. Lha wong awakmu sakmono gedhene kok yo
iso di apusi karo kancil, wis aku tak ora usah melu-melu. Ha ... Ha ... Ha....”
Macan : “ wah, iki bakal mangan puding enak tenan iki,
pudinge raja je ....
Huuek ... Huuek ... wedan tenan kowe cil, kowe wis ngapusi
aku yo cil, Huuek ... Huuek ...”
Ulo : “ Ha ... Ha ... Ha .... wenak tenan tho puding rasa
lumpur .... yo ngono kuwi, yen ora gelem mikir gampang di apusi. Ha ... Ha ...
Ha ...”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar