Animasi Bergerak

Jumat, 15 Mei 2015

Cerita Bahasa Jawa



KANCIL KARO MACAN LAN ULO


Ing sawijining dino, kancil mlaku-mlaku mlebu alas karo nyanyi-nyanyi, dheweke mlaku adoh nganti tekan tengah alas golek woh-wohan kesenengane. Tekan tengah alas, si kancil ketemu karo macan lan ugo karo ulo.
Kancil : “ wah, lha kojur iki. Aku kudu meres pikir kanggo ngapusi si macan iki.”
Macan : “ heh cil, akau luwe banget iki, koyone pancen kudu kowe sing dadi sarapanku esuk iki cil.”
Kancil : “ lho, ya ngapurane wae sedulurku macan, koyone ora iso ngono kuwi, lha wong aku wae di                 utus nunggoni pudinge sang raja sing wenake rak karuwan iki lho. Iki puding paling wenak                 sak dunia can! ” (si kancil karo nudhing kobangan lumpur sing ora adoh saka deweke)
Macan : “  lha yen ngono aku tak sing ngincipi pudinge kuwi wae, mumpung lagi luwe iki.”
Kancil : “ lho, yo ora entuk, lha mengko aku iso diamuk karo sang raja, lha yen kowe arep ngincipi,                   yo aku tak lungo adoh dhisik, supaya aku ora diseneni karo sang raja!”
Macan : “ yo wis, kowe ndang sumingkir kono!” (kancil langsung mlayu nggendring wedi yen di                       mongso karo macan)
Ulo : “ can, macan. Lha wong awakmu sakmono gedhene kok yo iso di apusi karo kancil, wis aku tak             ora usah melu-melu. Ha ... Ha ... Ha....”
Macan : “ wah, iki bakal mangan puding enak tenan iki, pudinge raja je ....
Huuek ... Huuek ... wedan tenan kowe cil, kowe wis ngapusi aku yo cil, Huuek ... Huuek ...”

Ulo : “ Ha ... Ha ... Ha .... wenak tenan tho puding rasa lumpur .... yo ngono kuwi, yen ora gelem                     mikir gampang di apusi. Ha ... Ha ... Ha ...”